Tulisen Tuladhane Cangkriman Manut Jinise
Jawaban
1. Cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),
Tuladhane :
- Burnas Kopen = Bubur panas kokopen.
- Pakboletus = Tipak kebo lelene satus.
2. Cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),
Tuladhane :
- Sega sakepel dirubung tinggi, batangane salak
- Gajah nguntal sangkrah, batangane pawonan
3. Cangkriman sing wujude plesetan,
Tuladhane :
- Wong wudunen iku sugih pari. Pari apa? Paringisan.
- Ana gajah numpak becak, ketok apane? Ketok mbujuke.
4. Cangkriman sing sinawung ing tembang.
Tuladhane :
- Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
- Dawa kaya ula,
- Pencokanmu wesi miring,
- Yen lumaku si pucung ngumbar swara.
- Bedhekane: sepur
Penjelasan
Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang maksude. Mula saka iku, cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan. Cangkriman iku wujude ana 4, yaiku:
- Cangkriman sing wujude wancahan (cekakan),
- Cangkriman sing wujude pepindhan (irib-iriban),
- Cangkriman sing wujude plesetan, lan
- Cangkriman sing sinawung ing tembang.